Asal Usul Danau Toba
Ing jaman biyen, ana sawijining desa ing bagian
Lor pulau Sumatera, urip sakwong wong nom tani yatim piatu kang asmane Toba.
Daerah iku garing banget. Toba urip soko ngolah sawah lan mancing iwak ing
tlaga. Toba sregep olehe makarya, sanadyan tanahe orak luas. Sebenere yuswane
wis cukup kanggone nikah, tetapi Toba tetep milih urip dewe.
Ing esuke sing endah, Toba mancing iwak ana tlaga.
“Moga-moga dina iki aku entuk iwak sing gedhe” unine Toba ing jero ati. Sak
bubare kail di uncalake, kail iku langsung obah-obah. Toba langsung nggeret
kail iku. Toba seneng banget amarga entuk iwak kang gedhe banget.
Toba takjub delo’i warna sisik iwak iku. Sisike
werna kuning mas. “Sadela, aku aja mok kok pangan, aku sedia ngancani kowe
pramila kowe ora mangan aku.” Toba kaget kerungu suwara saka iwak iku. Saking
kaget’e, iwak iku tiba ana ing lemah. Ora suwe, iwak mau maleh dadi wong wedok
sing ayu nemen.
“Apa aku iki mimpi?” takon Toba.
“Aja wedhi pak. Aku iki podo-podo
manusia. Aku sanget utang budi karo kowe, antawis kowe wis nylamatno aku saka
kutukan Sang Hyang Widhi,” muni wong wedok mou.
“Asmaku Putri. Aku siap dadi istrimu,”
lanjut Putri. Toba manthuk-manthuk. Minangka iku, deweke dadi suami isteri.
Tapi, ana janji kang wis di rembug. Toba ora oleh crita maring sapa sapa, yen
asal usul Putri iku saka iwak. Yen janji iku dilanggar, bakal ana kedadeyan
sing gedhe maring desane.
Toba lan Putri urip tentrem. Kanggo
dadi suami kang apik, Toba terus makarya kanggone nggolek panguripan lewat ngolah
sawah nganti tekun. Antawis ketekunane lan keuletane, Toba urip tanpa
kekurangan. Akeh wong sing iri karo Toba.
Setaun suwene, Putri ngelahirno putra
sing pratama kang di we’i asma Samosir. Samosir dadi anak sing manis, tapi
nakal. Saben dina Samosir dolanan karo kanca kancane, nganti lali mangan.
Ing sawijining dina, Samosir di
kongkon ibune ngeter pakanan lan minuman kanggo bapake sing ana ing sawah.
Tapi, Samosir ora gelem. Toba nunggu Samosir karo nahan haus lan lapar. Toba
langsung mulih menyang omah. Toba weruh yen Samosir lagi bal balan karo
kanca-kancane. Toba murka, lan langsung nyengkiwing Samosir. “anak sing males !
Anak sing kesed ! Dasar anak iwak !” muni Toba. Toba lali karo janji sing wis
disepakati karo istrine.
Sawise Toba ngucapno kata-kata iku,
Samosir lan Istrine ngilang nganti ora ana jejak. Saking bekas pidakan sikile,
tiba-tiba nyembur banyu kang deres lan luwih suwe luwih deres. Banyu iku
ngrendem desa petani iku lan desa saubenge. Banyu iku meluas lan mbentuk tlaga
kang gedhe. Tlaga iku akhire di wei asma Danau Toba, lan pulau cilik kang ana
ing tengahe tlaga iku di wei asma Pulau Samosir.
0 komentar:
Posting Komentar