RSS

Contoh Sabdatama Bahasa Jawa Tema Pendidikan




السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ت
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد

Dumateng Bapak lan Ibu Guru SMP… ingkang kula hormati, siswa saha siswi sedaya ingkang kula tresnani. Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan panjenengan saged kempal wonten mriki kanggene meringati hari pendidikan nasional.

Lan mboten supe, sholawat saha salam mangga bebarengan kita panjataken dateng Nabi Agung Muhammad saw,. Mugi mugi dipun paring syafaat ing akhirat menika.

Bapak/ibu guru lan siswa ingkang kula tresnani !
Dinten punika kita sesarengan meringati hari pendidikan nasional 2 Mei 2014. Napa ta pendidikan iku? Pendidikan niku saged di artosaken nggolek ilmu. Lha napa ta ilmu iku? Ilmu niku sesuatu ingkang kudu di pelajari anggene sinau. Kanjeng nabi dawuh wonten hadis :

طَلَبُ الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ (رواه ابن عبد البر)

Ingkang artosipun :
“Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben tiyang Islam jaler lan istri“
Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu. Leres leres se nggolek ngelmu niku luwih leres nggolek ngelmu agomo. Ilmu sing keno kangge sanguine ngadep dateng kang moho kuoso.

Bapak/ibu guru lan siswa ingkang kula tresnani !
Nggolek ngelmu, yen mboten di niati kanthi ikhlas nggih mboten angsal ganjaran. Ngiih nopo mboten? Keranten tiyang niku mboten kenal pendidikan, napa maleh ilmu Agomo, niku nggih saged ora manfaat uripe.

وُ كُلُّ مَنْ بِغَيْرِ عِلْم يَعْمَلُ اَعْمَالُهُ مَرْ دُوْ دَةٌ لاَ تُقْبَلُ

“Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.”
Pramilo sangkeng meniko, monggo sedoyo utaminipun siswa siswi generasi Muda-mudi remaja. Kito tingkataken anggen kito belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Amin allahumma Amin..

Nuntut iLmu neng sekoLah
Bisa angerteni budi pekerti
Papan bisa nggo sinau
Wayah esok Lan awan
Ngrungoake perintahe marang guru
Lan bisa ngerti agama
Agama kang migunani

Tembang pangkur menika jelasaken pramila kita kedhah nuntut ilmu wonten sekolah, ora mandang esok lan awan, kanthi ngerungokake perintahe guru. Ilmu niku bisa kanggo ngerteni agama kang bisa manfaati wonten akhirat.

 Bapak/Ibu ingkang kula hormati lan siswa siswi ingkang kula tresnani.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun kula nyuwun pangapunten.

و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 Safnachan. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates